Sejarah Desa
Administrator 30 April 2014 17:20:39 WIB
SEJARAH KALURAHAN DENGOK
(Mesem Ayem)
“Mersudi Sedyaninig Masyarakat Anggayuh Yektining Mulyo”
BABAD DENGOK
Sederek Pangripta :
Supriyanto
Sukendro, A.Md
Tapan
Harsono
Prapto Wiyono
Gunungkidul 2021
BABAD KALURAHAN DENGOK
Sederek Pangripta :
Supriyanto
Tapan
Sukendro, A.Ma.Pd
Harsono
Prapto Wiyono
Ukuran Buku : 21 cm x 30 cm
Halaman : - + 84 lembar
Cetakan Pertama, Juni 2021
Diterbitkan oleh :
Kundha Kebudayaan Kabupaten Gunungkidul, Yogyakarta,
Bekerjasama dengan Pamarentah Kalurahan Dengok, Playen, Gunungkidul
PANGANDIKAN BUPATI GUNUNGKIDUL
PANGANDIKAN KEPALA KUNDHA KABUDAYAN GUNUNGKIDUL
PANGANDIKAN LURAH DENGOK
Bismillah,sedaya puji konjuk ngarsanipun Allah Gusti ingkang hakaryo tuwin ngrekso jagad. Salam taklim kamulyan mugi kaluberaken dateng poro nabi soho titah pinilih sumrambah dateng kito sedaya.
Buku sejarah kalurahan Dengok meniko pinongko hasil saking kempalan cariyos soho wedaran ingkang kahimpun saking pinten-pinten sumber. Sasampunipun katiti lumantar mapinten lampah ugi kasandingaen kalian literatur sejarah Hadeging Nagari Ngayogyokarto Hadiningrat soho sejarah dumadining Kadipaten Gunungkidul kagem nyelarasaken runtut tuwin gumathoking jaman lajeng saget katarik benang abrit pinongko talining utomo ingkang kasimpulaken sahinggo saget kahaturaken seratan meniko.
Sanajan naming sekedik kanthi wontenipun buku meniko mugi saget dados sesuluh alit ingkang nyunari poro pamaos sahinggo saget mangertosi saperangan cariyos ugi kawontenan kawuri dumugi sak menikanipun Kalurahan Dengok.
Kito nglenggono temtunipun tasih kathah bab ingkang saget dipun tambahaken murih buku meniko saget ngrangkum sedoyo carios soho mulo buko cikal bakal ingkang wonten ing masyarakat sahinggo saget jangkep anggen kita ngaturaken. Gegadhangan kulo mugi kanthi keterangan meniko senajan alit urubipun saget ndadosaken sekedik pepajar kagem sedoyo pamaos awit keterangan meniko kaimpun ugi saking sumber ingkang wonten ing laladan kito.
Pungkasanipun, kito nyuwun pangapunten mbok bilih tasih katah bab ingkang kaserat ing mriki kirang trep, jangkep soho trewoco mugi poro maos paring pangaksomo. Panyaruwe soho wewarah tansah kito antu-antu murih saget ndadosaken jangkepipun buku meniko. Atur panuwun katur dateng sedoyo ingkang sampun paring pambiyantu ugi ngimpun katrangan soho wedaran sahinggo ndadosaken buku meniko.
Dengok, Juni 2021
SUYANTO, ST
ISI BUKU
PANGANDIKAN BUPATI GUNUNGKIDUL………………………………………. iii
PANGANDIKAN KEPALA KUNDHA KABUDAYAN GUNUNGKIDUL……… iv
PANGANDIKAN LURAH DENGOK……………………………………………......... v
ISI BUKU…………………………………………………………………………………… 1
BAB I GEGAMBARAN KALURAHAN DENGOK………………………………….. 3
- Kawontenan Alam……………………………………………………………………………………………… 3
- Pamong Kalurahan lan Lembaga Kalurahan…………………………………. 8
- Sarana Pawiyatan………………………………………………………………… 11
- Kawontenan Para Warga………………………………………………………… 13
- Warga miturut Agami lan Kapitadosan………………………………….. 13
- Tataran Pawiyatan para Warga……………………………………………. 14
- Pakaryanipun Para Warga………………………………………………….. 15
- Perangane yuswa warga…………………………………………………….. 15
- Kabudayan………………………………………………………………………… 16
- Adat………………………………………………………………………… 16
- Rasul utawi Perti Desa……………………………………………... 16
- UpacaraRuwatan…………………………………………………..... 21
- Tradisi……………………………………………………………………… 21
- Kesenian (Olah Seni)…………………………………………………… 24
- Dolanan Tradhisional…………………………………………………… 26
- Tata Basa, Sastra, lan Aksara …………………………………………... 26
- Dedhaharan lan Pakaryan……………………………………………… 27
- Kabudayan lan Arsitektur……………………………………………… 31
BAB II ADEGING KALURAHAN DENGOK……………………………………….. 36
- Miterat Cerita Rakyat……………………………………………………………. 36
- Miterat Harsono ……………………………………………………………... 36
- Miterat Prapto Wiyono..…………………………………………………….. 37
- Miterat Tapan…………………………………………………………………. 38
- Miterat Administrasi Negara…………………………………………………… 42
- Singo Derejo……………………………………………………………………. 42
- Marzuki…………...……………………………………………………………. 44
- Atmo Perwito ………………………………………………………………….. 45
- Marto Sugito………………………………………………………………… 48
- Dwijo Purwanto…………………………………………………………….. 49
- Waidi……………………………………………………………………………. 51
- Soekirdi…………………………………………………………………………. 53
- Panut………………………………………………………………………… 55
- Kamidjan……………………………………………………………………….. 56
- Suyanto, ST……………………………………………………………………... 60
- Sugeng Minongko PJ Kepala Desa…………………………………………... 64
- Suyanto, S.T. …………………………………………………………………... 65
BAB III AMANAH……………………………………………………………………….. 73
BAB IV PANUTUP……………………………………………………………………….. 75
SUMBER LAN NARASUMBER………………………………………………………… 77
PANYERAT LAN PRANATA ISI………………………………………………………. 78
BAB I
GEGAMBARAN KALURAHAN DENGOK
- Kawontenan Alam
Kalurahan Dengok inggih menika satunggaling desa ingkang mlebet wewengkon Kapanewon Playen Kabupaten Gunungkidul ingkang dumunung ing iring kilen tlatah Gunungkidul arupi padesan lan siti pategalan ingkang radin.
|
PETA KALURAHAN DENGOK
|
||||||||
|
||||||||
|
||||||||
|
||||||||
Gambar Peta Kalurahan Dengok
Tapel wates Kalurahan Dengok inggih menika :
- Sisih Lor tapel wates bumi kaliyan Kalurahan Banaran,
- Sisih Wetan tapel wates bumi kaliyan Kalurahan Ngunut,
- Sisih kidul tapel wates bumi kaliyan Kalurahan Bleberan lan Kalurahan Plembutan,
- Sisih kulon tapel wates bumi kaliyan siti pejaten Kalurahan Bleberan
Foto 1 . Balai Kalurahan Dengok. Dumadi warsa 1985 rikala pemerintahan lurah Waidi lan dipun rehab warsa 2020 rikala pemerintahan lurah Suyanto, S.T. (Koleksi Foto Supriyanto)
Wiyaring tlatah Kalurahan Dengok wonten 411,11 Ha. Tebih caketing papan paprentahan Kalurahan Dengok dumugi Kantor Kapenewon Playen 3 Km, Kantor Kabupaten 10 Km saha Kantor Pemerintah D.I.Yogyakarta 40 Km
Kalurahan Dengok nggadhahi tata paprentahan ingkang sah lan sampun dipunakeni dening Pamarentah Pusat (Undang-Undang Negara Kesatuan Republik Indonesia Nomor 6 Tahun 2014). Desa mujudaken paprentahan ingkang nggadhahi :
- Wilayah hukum kanthi tapel wates ingkang gumathok.
- Wonten warga ingkang mapan wonten tlatah/wilayah hukum ingkang mujudaken satunggaling kelompok masarakat.
- Wonten tatacara/adat minangka paugeran gesang sesrawungan antawisipun warga ing wilayah kasebat ingkang mujudaken satunggaling pranatan.
- Sampun jumbuh kaliyan paugeraning nagari lan dados peranganing nagari ingkang mboten saged kapisahaken.
- Lan bab sanesipun.
Jumbuh kaliyan paugeraning nagari, pamarentah desa nindakaken pranatan-pranatan saking Pemerintah Pusat lan Pemerintah Daerah. Miterat SK Gubernur DIY no 20 tahun 2020, panguwaosaning siti ing Kalurahan Dengok saged kaperang dados :
- Siti ingkang dipun kuwaosi pamarentah desa dipunsebat Tanah Kas Desa , ingkang kaperang kagem: Kas Desa, pelungguh (bengkok), lan pengarem-arem.
- Siti ingkang dipundadosaken hak milik perorangan turun temurun.
- Sultan Ground (SG), siti-siti kagungan Kraton Ngayogyakarta
Laladan Kalurahan Dengok saperangan minangka papan dunung lan saperangan malih minangka siti pategalan. Mula bukanipun Kalurahan Dengok menika namung dumados saking 4 (sekawan) dusun ageng, inggih menika Dusun Dengok, Dusun Munthuk, Dusun Trukan lan Dusun Kalongan.Sak lajengipun miderek ewah-ewahan tuwin rejaning jaman , secara administratif kaperang dados 6 (enem) Padhukuhan (Monografi Desa Dengok, 2020), inggih menika:
- Padukuhan Dengok I, dipunpangarsani dening bapak Puji Raharjo, Kedadosan saking 1 (setunggal) Rukun Warga (RW) lan 4 (sekawan ) Rukun Tetangga (RT)
Foto 2. Balai Padukuhan Dengok I, madegipun warsa 1996 wonten ing siti kagunganipun Bp Wajiyo minongko dukuh Padukuhan Dengok I ing warsa kasebat kanthi redhana swadaya warga masyarakat. (foto Koleksi Puji Raharjo)
- Padukuhan Dengok II, dipunpangarsani dening bapak Nurendra Nugraha Putra, Kedadosan saking 1 (setunggal) Rukun Warga (RW) lan 4 (sekawan ) Rukun Tetangga (RT)
Foto3. Balai Kalurahan Dengok II dipun bangun warsa 2017 rikala lurahipun Suyanto, S.T. dan dukuhipun Wasimin (Foto Koleksi Marsono)
- Padukuhan Dengok III, dipunpangarsani dening bapak Supramono, Kedadosan saking 1 (setunggal) Rukun Warga (RW) lan 2 (kalih ) Rukun Tetangga (RT)
Foto 4. Balai Padukuhan Dengok III, madegipun warsa 1985 rikala pemerintahan lurah Waidi lan dukuhipun Tapan wonten ing siti Kas Desa, lajeng dipun rehab warsa 2020 rikala pemerintahan lurah Suyanto, S.T. lan dukuhipun Supramono kanthi biaya swadaya warga masyarakat padukuhan. (foto koleksi Marsono)
- Padukuhan Dengok IV, dipunpangarsani dening Sri Hardani, Kedadosan saking 1 (setunggal) Rukun Warga (RW) lan 4 (sekawan ) Rukun Tetangga (RT)
Foto 5. Balai padukuhan Dengok IV, madegipun warsa 1997 rikala pemerintahan lurah Soekirdi lan dukuhipun Suratman, lajeng dipun pugar kanthi dana BKK lan dana swadaya rikala pemerintahan lurah Suyanto, S.T. lan dukuhipun Sri Hardani warsa 2020. (Foto Koleksi Sri Hardani)
- Padukuhan Dengok V, dipun pangarsani dening bapak Supriyanto Kedadosan saking 1 (setunggal) Rukun Warga (RW) lan 4 (sekawan ) Rukun Tetangga (RT)
Foto 6. Balai padukuhan Dengok V, dipun bangun warsa 1981 rikala pemerintahan Lurah Waidi lan dukuhipun Sugini kanti dana swadaya masyarakat. (Foto Koleksi Supriyanto)
- Padukuhan Dengok VI, dipunpangarsani dening bapak Suryo Nugroho, Kedadosan saking 1 (setunggal) Rukun Warga (RW) lan 5 (gangsal) Rukun Tetangga (RT)
Foto 7. Balai Padukuhan Dengok VI, madegipun tahun 1994 rikala lirahipun waidi lan Dukuhipun Wadirin. (Foto Koleksi Suryo Nugroho)
- Pamong Kalurahan lan Lembaga Kalurahan
Kanthi lelandhesan Undang-Undang Negara Kesatuan Republik Indonesia Nomer 6 warsa 2014, kaliyan Peraturan Bupati Gunungkidul Nomer 73 warso 2019 ingkang ngatur babagan Desa, ugi Kalurahan inggih menika kabiyantu dening Perangkat Desa pinangka perangan punggawa Paprentahan Kalurahan. Lurah minangka Pejabat utawi pangarsaning paprentahan pamarentah kalurahan ingkang gadhah wewenang, jejibahan kaliyan wajib nglampahaken pranatan tuwin mobah mosiking panggulawenthah lumampahing desanipun kaliyan nglampahi jejibahan saking Pamarentah Pusat menapa dene pamarentah kabupaten. Dene Badan Permusyawaratan Kalurahan (BPKal) minangka Lembaga ingkang nindakaken jejibahan Paprentahan ingkang anggotanipun mujudaken utusan saking warga kalurahan, utusan saking wewengkon Padukuhan.
Miturut pranataning utawi Peraturan Bupati Gunungkidul Nomor 73 Tahun 2019 ingkang ngatur babagan Struktur Organisasi Dan Tata Kerja Pemerintah Kalurahan , Pemerintah Kalurahan menika kadadosan saking :
- Lurah : Suyanto, ST
- Sekretariat Kalurahan:
- Carik : Emi Mintarsih, SIP
- Kepala Urusan Tatalaksana : Rubiyanti, S.E.
- Kepala Urusan Danarta : Muji Wiyani
- Kepala Urusan Pangripta : Supriyanto
- Pelaksana Teknis :
- Keamanan dipun pimpin Jagabaya dipun selirani Cahyono Pendhiniawan.
- Kemakmuran dipun pimpin Ulu-ulu dipun selirani Sukendro, A.Md
- Sosial dipupun pimpin Kamituwa dipun selirani Marsono.
- Pelaksana Kewilayahan ( Dukuh )
Lurah kabiyantu dening dhukuh ingkang nggadahi jejibahan dhumateng wewengkonipun piyambak-piyambak.
- Dukuh Padukuhan Dengok I dipun selirani Puji Raharjo
- Dukuh Padukuhan Dengok II dipun selirani Nurendra Nugraha Putra
- Dukuh Padukuhan Dengok III dipun selirani Supramono
- Dukuh Padukuhan Dengok IV dipun selirani Sri Hardani
- Dukuh Padukuhan Dengok V dipun selirani Supriyanto
- Dukuh Padukuhan Dengok VI dipun selirani Suryo Nugroho
- Staf Pamong Kalurahan
Kejawi menika, saben Kepala Urusan saha Pelaksana Teknis ugi dipun bantu dening staf pamong kalurahan.
- Staf Kemakmuran dipun selirani Slamet Riyadi
- Staf Keamanan Kalurahan dipun selirani Adhitya Putrapratama
Struktur Organisasi Tata Kerja Pemerintah Kalurahan ing pemerintahan Kalurahan Dengok kagambaraken kados bagan ing ngandhap menika
Stuktur Orgnisasi Paprentahan Kalurahan Dengok
Gambar ing nginggil, njlentrehaken peranganing pamong kalurahan, jejibahanipun, saha alluring reh kaprajan/peprentahan antawisipun satunggal pamong kaliyan pamong sanesipun, saking Lurah, Carik, Kepala Seksi, Kepala Urusan dumugi Dhukuh. Kejawi Pamong Desa, ugi wonten lembaga BPKal minangka wakil para warga.
Foto 8 . Para Pamong Kalurahan Dengok.
Kangge nuhoni jejibahan minangka pemerintah kalurahan, Lurah Kalurahan Dengok kabiyantu pamong kalurahan nggadhahi lembaga utawi bebadan desa ingkang jejibahanipun mbantu Pamarintah Kalurahan Dengok, antawisipun :
- LPMD : 1 lembaga
- LPMP : 6 lembaga ( 6 Padukuhan )
- RW : 6 lembaga ( 6 Padukuhan )
- RT : 23 lembaga
- PKK : 1 lembaga
- Karang Taruna : 1 lembaga
- Gapoktan : 1 lembaga
Lembaga Pemberdayaan Masyarakat Kalurahan (LPMK), Lembaga Pemberdayaan Masyarakat Padukuhan (LPMP), Rukun Warga (RW) kaliyan Rukun Tetangga (RT) menika lembaga wajib desa. PKK lan Karang Taruna minangka salah setunggalipun bebadan desa landesanipun kanthi Peraturan Desa, ugi anggadhahi pranatan piyambak miturut pranatan pamarintah sanesipun. Kejawi PKK saha Karang Taruna Desa, ugi kadamel PKK saha Karang Taruna Padukuhan.
- Sarana Pawiyatan
Sarana pawiyatan ing kalurahan Dengok sampun cumawis saking tataran PAUD dumugi tataran SMP/MTs kados dene:
- PAUD KB Lestari, manggen wonten ing Padukuhan DengokV.
- TK Masyithoh Kalongan Manggen wonten ing Padukuhan Dengok VI,
- RA Masyithoh Dengok II, manggen wonten ing Padukuhan Dengok III,
- RA Masyithoh Wonorejo, manggen ing Padukuhan Dengok IV,
- SD Dengok I, Manggen wonten ing Padukkuhan Dengok I,
- SD Dengok II, manggen wonten ing Padukuhan Dengok V,
- MI Kalongan, Manggen wonten ing Padukuhan Dengok VI,
- MTs YAPPI Dengok, Manggen wonten ing Padukuhan Dengok V.
Foto 9. Papan pawiyatan MTs YAPPI Dengok, madegipun warsa 1970, rikala pemeritahan Lurah Dwijo Purwanto. (foto Koleksi Supriyanto)
Foto 10. Panggenan Pawiyatan SDN Dengok II, Madeg wonten ing warsa 1973 rikala pemerintahan lurah Dwijo Purwanto. (Foto Koleksi Supriyanto)
- Kawontenan Para Warga
Warga Kalurahan Dengok miturut ing palaporan Monografi Desa warsa 2020 kaserat :
- Warga Kakung : 1.284 Jiwa
- Warga putri : 1.329 Jiwa
- Gunggung sedaya : 2.613 Jiwa
Warga kasebat kedadosan saking : 763 Kepala Kulawarga.
- Warga Miturut Agami lan Kapitadosan
Wonten ing perangan agami, warga Kalurahan Dengok Kecamatan Playen ing warsa 2017 kados ing ngandhap menika :
No |
Agama |
Gunggung |
Kakung |
Putri |
1 |
Islam |
2579 |
1267 |
1312 |
2 |
Kristen |
23 |
10 |
13 |
3 |
Katholik |
11 |
7 |
4 |
4 |
Hindu |
|
- |
- |
5 |
Budha |
|
- |
- |
6 |
Khonghuchu |
|
- |
- |
GUNGGUNG |
2613 |
1284 |
1329 |
Tabel 1. Tabel warga masyarakat miturut agami.
Foto 11. Masjid Al Muna ing Wewengkon Dengok II, dipun bangun kaping sepindah dening Jamaah Haji 1988 rikala pemerintahan lurah Waidi lan dipun pugar warsa 2017 rikala pemerintahan Lurah Suyanto,S.T., Dugi sak meniko takmir masjidipun Bapak Tugiyatno.
Foto 12. GKJ Paliyan Pepathan Kalongan, madeg warsa 1927 ing pekawisanipun Bp. T Prawiro Sentono, lajeng dipun pugar Warso 2006 rikala pemerintahan Lurah Kamidjan kanthi swadaya. (Foto koleksi Parbiyono)
- Tataran Pawiyatan para warga
Miturut pawiyatan, Warga Kalurahan Dengok Kecamatan Playen ing warsa 2020 kados ing ngandhap menika :
No |
Pawiyatan |
Gunggung |
Kakung |
Putri |
1 |
Mboten/Dereng Sekolah |
525 |
249 |
276 |
2 |
Dereng Tamat SD |
239 |
119 |
120 |
3 |
Tamat SD/Sederajat |
513 |
233 |
280 |
4 |
SMP/Sederajat |
625 |
293 |
332 |
5 |
SMA/Sederajat |
551 |
331 |
258 |
6 |
Diploma I/II |
27 |
12 |
15 |
7 |
Akademi/D III/Sj. Muda |
23 |
15 |
8 |
8 |
Diploma IV/Strata I |
67 |
28 |
39 |
9 |
Strata II |
3 |
2 |
1 |
10 |
Strata III |
- |
- |
- |
GUNGGUNG |
2611 |
1282 |
1329 |
Tabel 2. Tabel tataran pawiyatan para warga
- Pakaryanipun para warga
Peranganing para warga Kalurahan Dengok Kecamatan Playen miturut pakaryan, ing warsa 2020 kados ing ngandhap menika:
No |
Pakaryan |
Gunggung |
Kakung |
Putri |
1 |
Dereng Makarya |
461 |
261 |
200 |
2 |
Tata Balegriya |
266 |
3 |
263 |
3 |
Siswa |
343 |
175 |
168 |
4 |
Pensiunan |
51 |
42 |
9 |
5 |
PNS |
51 |
35 |
16 |
6 |
TNI |
- |
- |
- |
7 |
POLRI |
3 |
2 |
1 |
8 |
Bebakukaliyan |
4 |
1 |
3 |
9 |
Olah Tani |
778 |
329 |
449 |
10 |
Pegawe Swasta |
164 |
102 |
62 |
11 |
Pegawe BUMN |
1 |
1 |
- |
12 |
Pegawe Honor |
19 |
8 |
11 |
13 |
Kuli |
157 |
116 |
41 |
14 |
Buruh Tani |
17 |
10 |
7 |
15 |
Pamong Desa |
18 |
13 |
5 |
16 |
Wira Karya |
259 |
171 |
88 |
17 |
Pakaryan Sanes |
10 |
8 |
2 |
GUNGGUNG |
2613 |
1284 |
1329 |
Tabel 3. Tabel pakaryan para warga
- Perangane Yuswa Warga
Warga Kalurahan Dengok miturut yuswanipun ing warsa 2020
kados kaserat ing ngandhap menika :
No |
Yuswa |
Gunggung |
Kakung |
Putri |
1 |
0 – 1 |
- |
- |
- |
2 |
2 – 4 |
41 |
17 |
24 |
3 |
5 – 9 |
168 |
84 |
84 |
4 |
10 – 14 |
176 |
83 |
93 |
5 |
15 – 19 |
188 |
94 |
94 |
6 |
20 – 24 |
174 |
85 |
89 |
7 |
25 – 29 |
153 |
79 |
74 |
8 |
30 – 34 |
165 |
77 |
88 |
9 |
35 – 39 |
198 |
98 |
100 |
10 |
40 – 44 |
180 |
108 |
72 |
11 |
45 – 49 |
175 |
91 |
84 |
12 |
50 – 54 |
177 |
98 |
79 |
13 |
55 – 59 |
130 |
57 |
73 |
14 |
60 – 64 |
132 |
61 |
71 |
15 |
65 – 69 |
149 |
67 |
82 |
16 |
70 – 74 |
112 |
57 |
55 |
17 |
75 - |
295 |
128 |
167 |
GUNGGUNG |
2613 |
1284 |
1329 |
Tabel 4. Tabel perangan yuswa para warga
- Kabudayan
Warga masarakat Kalurahan Dengok tansah ambudidaya saha angleluri tatacara lan budaya warisan leluhuripun. Tatacara saha kabudayan minongko adat tradisi meniko anggadhahi piwucal kasaenan tumraping gesang. Antawisipun :
- Adat :
- Rasul utawi Perti Desa
Upacara adat rasul menika tasih lestantun ing Kalurahan Dengok. Upacara tradhisi rasulan wonten Kalurahan Dengok, dipun awiti kanthi kegiatan kirab budaya ing dinten Sabtu pon enjing saking tabuh 06.00 WIB dumugi tabuh 12.00 WIB, kalajengaken pengaosan ageng wonten ing balai kalurahan tabuh 19.00 WIB dumugi tabuh 24.00 WIB. Ing dinten sak lajengipun Minggu wage dipun wonteni ritual Asum Dhahar Sekul Suci Ulam Sari wonten ing Damarjati lan Regolboyo kirang langkung tabuh 13.00 WIB dumugi tabuh 15.00. Sak lajengipun kiprah seni tradhisional reyog ing sontenipun antawis tabuh 15.00 wib dumugi tabuh 17.00. Ing malem Senin Kliwon dipun kiprahaken seni tradhisional kethoprak kirang langkung tabuh 19.00 WIB dumugi 12.00 WIB Pungkasanipun dinten Senin Kliwon sedoyo warga masyarakat nindaaken tradhisi kenduri, inggih menika masang sekul jangkep lawuhipun saking dalemipun piyambak-piyambak tumuju ing balai padukuhan dipun kantheni wuduk ingkung kanthi sebatan sekul suci ulam sari saking warga ingkang dipun pinitados dening Dukuh. Sak sampunipun dipun kempalaken, sega, lawuh kalawau dipun dadosaken setunggal wonten ing tenggok kanthi kapontho pontho dados kathah, lajeng dipun asta medal wonten ing papan kenduri , mbok bilih ubo rampe jangkeping kenduri sampun satoto, kaum lajeng ngecakaken miterat tradisi ingkang sampun lumampah dipun pungkasi kanti dongo saklajengipun, sego, lawuh, ingkung dipun radinaken dateng sedoyo masyarakat ingkang derek kenduri ngagem sarang, dening para warga dipun pangarsani panitia ing padukuhanipun piyambak-piyambak.
Saklajengipun babagan kirab budaya wonten ing Kalurahan Dengok ingkang sampun lumampah kiprahipun dipun sengkuyung dening sedoyo warga masyarakat kanthi damel gunungan ing mriku dipun damel kanthi mawarni-warni arupi pepethan utawi simbol among tani, kewan ternak, lajeng mina lan sanes-sanesipun miturut kawontenan ing Kalurahan Dengok, saklajengipun kakirabaken tumuju Balai Kalurahan Dengok.
Sasampunipun iring-iringan dumugi ing bale kalurahan kanthi kairing ungeling gendhing Jawa, lajeng dipun pasrahaken dhumateng Lurah pinangka pengageng upacara. Lajeng dipun kabulaken pertondo raos syukur wargo among tani awit mbok sri sedono soho polowijo sak jangkepnipun saking tegal kabenteran saget kaboyong dateng lumbung wargo tani.
Foto 13. Wujudipun Gunungan (Foto Koleksi Pemerintah Kalurahan Dengok)
Foto 14. Pasrah Gunungan dhumateng lurah (Foto Koleksi Pemerintah Kalurahan Dengok)
Adicara gendhuri dipun awiti tabuh 12.00 WIB sedaya pasarta kirab, pamong kalurahan, perabot pemerintah kapanewon, perabot pemerintah kabupaten kaliyan para warga masarakat ndherek upacara kendhuri menika, ingkang dipun pangarsani dening dening Kaum. Gendhuri dipun awiti kanthi maos ekral, nggih menika ngaturaken satunggal mbaka satunggal nami sesaji, ancas sesaji, kados ingkang dipun aturaken Mbah Prapto Sugeng pinangka sesepuh rasulan, bilih, rasulan niku kedah mawi Gendhuri, pirantinipun mawarni-warni sajen kadosta, wonten tumpeng, sekul golong, jenang kaliyan sanes sanesipun, ancasipun kagem caos pakurmatan dhumateng arwah para leluhur lan makhluk ghaib ingkang mbahureksa bumi Kalurahan Dengok mriki. Pungkasaning adicara gendhuri inggih menika ngodhol gunungan.
Foto 15. Bregada Dengok I rikala Kirab Budaya mrengeti perti desa/Rasul ing warsa 2013, rikala pemerintahan Kepala Desa Suyanto, S.T. (foto Koleksi Pemerintah Kalurahan Dengok)
Foto 16. Ngodol Gunungan Upacara kirab budhaya warsa 2017
Foto 17. Kenduri asum dhahar sekul ulam sari ing Patilasan Eyang Regol Boyo ing Padukuhan Dengok VI, dipun lampahi ing dinten minggu wage sak derengipun dinten perti desa/rasul. Adat sabenipun ing petilasan Eyang Damarjati ing padukuhan Dengok IV ugi dipun lampahi kenduri menika. (Foto Koleksi Supriyanto)
- Upacara Ruwatan
- Ruwatan Bocah uger uger lawang ( putro kalih kakung sedoyo)
- Ruwatan Bocah Kembang Sepasang ( putro kalih putri sedoyo
- Ruwatan Bocah Kedono Kedini (putro kalih kakung –putri)
- Ruwatan Bocah pendowo limo ( putro gangsal kakung sedoyo)
- Ruwatan Bocah ontang anting ( putro setunggal sae kakung menopo dene putri)
- Tradisi
- Suran
Kenduri sedekah wonten ing wulan suro surya kaping wolu kagem mrengeti warso enggal panggenan kenduri wonten ing balai padukuhan Dengok I dumugi Balai padukuhan Dengok VI wanci tabuh 12.00, pasartanipun sedaya warga masyarakat Dengok
- Muludan
Kenduri sedekah wonten ing wulan Mulud suryo kaping kalih welas kagem mrengeti miosipun Kangjeng Nabi Muhammad SAW panggenan kenduri wonten ing balai padukuhan Dengok I dumugi Balai padukuhan Dengok VI wanci tabuh 12.00, pasartanipun sedaya warga masyarakat Dengok
- Ruwahan
Kenduri sedekah wonten ing wulan Ruwah, suryo kaping gangsal welas, kagem mrengeti sedoyo Arwahipun sedaya warga masyarakat Kalurahan Dengok, panggenan kenduri wonten ing balai padukuhan Dengok I dumugi Balai padukuhan Dengok VI wanci tabuh 12.00, pasartanipun sedaya warga masyarakat Dengok
- Selikuran
Kenduri Sedekah wonten ing Wulan Pasa, suryo kaping selikur , kagem mrengeti badhe dumuginipun malam lailatul qodar, panggenan kenduri wonten ing balai Padukuhan Dengok I dumugi Balai padukuhan Dengok VI wanci bakda magrib, pasartanipun sedaya warga masyarakat Dengok
- Riyaya
Kenduri sedekah wonten ing wulan syawal, suro kaping setunggal, kagem mrengeti dumuginipun wulan suci, saksampunipun nindakaken siyam ing wulan Pasa, panggenanipun wonten ing kelompok lingkungan, wanci bakda magrib lan sedekah Riyaya Besar
- Upacara Gumbregan
Kenduri sedekah wonten ing wuku gumbrek, dinten selasa wage , panggenipun muter saking griyo setunggal lan griyo setunggalipun wekdalipun bakda magrib kagem memetri netune Kewan, Iwen ugi piranti tetanen kados pacul, gathul, arit lan sanes sanesipun. ( Kembang turi kembang jagung, kokehan sapi kurang dadung, wedhus prucul anake pating srunthul, wedhus damplak anake satus suwidak, Gendrayana baderbang tumpaling jingga ojo kandek ojo kampir kandegko kandang lumbunge waregko wedus sapine : surakyun)
- Kirim ndowa(sedekah Labuh)
Kenduri sedekah wonten ing musim mongso labuh, dintenipun senin kliwon, panggenan kenduri wonten ing balai padukuhan Dengok I dumugi Balai padukuhan Dengok VI wanci tabuh 12.00, pasartanipun sedaya warga masyarakat Dengok
- Tatacara adat tradisi
Wonten ing Kalurahan Dengok engga wekdal menika tasih dipun uri-uri kaliyan dipun lestantunaken wontenipun tatacara adat tradhisi budaya Jawa tilaranipun para leluhur minangka tandha raos syukur lan perlambang panuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Alloh SWT.
- Kagem tiyang gesang, dipun adani dening kulawarga ingkang kagungan gati piyambak, ing antawisipun :
- Puputan Bayi
- Tetakan/tedak siti
- Tingkeban
- Punaran pengantin
- Sepekenan pengantin
- Momongi bale wisma enggal
- Momongi munggah suwunan lan Boyongan
- Kagem kintun donga dhumateng para arwah ingkang sampun kondur dhateng kasedan jati, ing antawisipun;
- Surtanah
- Pitung dinten
- Kawandasa dinten
- Satus dinten
- Pendhak sepisan
- Pendhak pindho
- Sewu dinten.
- Kirim donga leluwur
- Kagem nelaaken raos tanggel jawab dhumateng para leluhur, pakurmatan dhumateng titahing Gusti ingkang mapan wonten ing jagat madya kaliyan jagat nyata satemah manggih laras gesangipun. Upacara tradhisi budaya Jawa genduri utawi kenduri menika dipun adani para warga ingkang sami makempal wonten ing papan jumbuh adicara ingkang magepokan kaliyan :
- Kirim ndowa tandur
- Gumbregan
- Rasulan ing Damarjati lan Ngregol Boyo
- Rasulan ing Kalurahan Dengok
- Tatacara adat tradhisi ingkang magepokan kaliyan gesang bebrayan, kanthi lampahan tatacara :
- Lamaran
- Pasrah Sarana
- Kendhuri Wilujengan utawi Memule
- Pasang Tarub
- Midodareni
- Punjungan
- Ijab-Kabul
- Panggih Manten
- Walimahan Resepsi
- Tepung Besan/sepasaran
- Kesenian (olah Seni)
Olah seni ingkang tansah lestantun ing Kalurahan Dengok dumugi wekdal menika antawisipun :
- Ringgit Wacucal
- Hadroh
- Karawitan
- Cokekan
- Ketoprak
- Gejog Lesung
- Reyog lan Jathilan
- Thoklik
- Terbang (sholawatan)
- Campursari
Mapinten –pinten paguyuban seni tradhisi ingkang tasih ngrembaka saha papan dumunungipun ing Kalurahan Dengok kados dene ingkang dipun serat ing ngandhap menika,
No |
Seni Kabudayan |
Cacah |
Wewengkon |
1 |
Karawitan |
3 grop |
Dengok I, II lan Dengok V |
2 |
Reyog |
3 grop |
Dengok I, III lan Dengok VI |
3 |
Salawatan |
1 grop |
Dengok VI |
4 |
Kethoprak |
1 grop |
Dengok |
5 |
Hadroh |
1 grop |
Dengok VI |
6 |
Campursari |
1 grop |
Dengok II |
7 |
Gejok Lesung |
6 grop |
Dengok VI |
8 |
Toklik |
6 grop |
Dengok I-VI |
9 |
Jathil |
1 grop |
Dengok V |
10 |
Cokekan |
1 grop |
Dengok IV |
Tabel 5. Tabel kesenian para warga.
Foto 18. : Karawitan Putri Padukuhan Dengok I ( Koleksi Foto Supriyanto)
- Dolanan Tradisional
Permainan bocah ingkang tasih ngrembaka ing Kalurahan Dengok, antawisipun ;
- Gobag Sodor Egrang
- Engkling Gangsingan
- Benthik Dakon
- Yeye Jethungan.
- Koko Bako
- Tata basa, Sastra, lan Aksara
- Basa
Tatabasa kanthi krama madya menapa dene krama hinggil kejawi wonten ing pangandikan saben dintenipun, ugi wonten ing adicara upacara adat, antawisipun :
- Sesorah
- Pranata Cara
- Pambagya harja
- Panglamar manten
- Panampi
- Ikral Gendhuri
- Pamit Lalayu
- Wilujengan
Amargi dipun raosaken sanget wigatosing babagan tata basa Jawa alus lan leres menika, lajeng ing warsa 2017, Pemerintah Kalurahan Dengok ngawontenaken pawiyatan utawi gladhen pranatacara basa Jawa, ngadibusana gagrag Nyayogjakarta jangkep kagem para wiranem kaliyan pamong desa. Kanthi gladhen menika kaajab tata basa Jawa saha tata ngadibusana gagrag Ngayogjakarta jangkep ingkang sae lan leres menika saged lestantun ing Kalurahan Dengok.
- Sastra
Babagan olah sastra, warga Kalurahan Dengok dumugi wekdal menika ugi satuhu nglestantunaken, antawisipun :
- Panembrama
- Macapat
- Paribasan, cangkriman
- Kapustakan Jawa ( buku – buku )
- Dedhaharan lan Pakaryan
- Dhaharan Lawas
Wujuding dhaharan lawas ing Kalurahan Dengok mboten benten kaliyan desa sanesipun, antawisipun :
- Klethi’an
Menika daharan alit ingkang saged dipun damel saking tela, kacang, dele, beras, krowotan, pisang, lss.
- Sega abang,
- Sambel Pecel,
- Gudeg , Sayur Lombok,
- Gudangan
- Pencok
- Sambel Cabok
- Wedang Jahe,
- Peyek, ampyang, puli-tempe, jadah ketan,
- Jamu
Anggenipun ngracik lan ngolah, warga Kalurahan Dengok tasih ngginakaken sarana lan ngleluri budaya warisan leluhuripun. Taksih ngagem kajeng utawi kayu obong, anglo, lemper munthu saking kayu utawi sela, kendhil, kukusan, lan sanes-sanesipun.
Kejawi dhaharan ingkang dipun cawisaken ing saben dinten kangge kabetahan kulawarga, ugi tasih wonten mawarni-warni wujudipun dhaharan kangge kacekapan ubarampe upacara adat, kados dene ing ngandhap menika.
- Tumpeng Alus,
- Jenang abang, Jenang Putih, Jenang Baro-baro
- Sekul Golong,
- Sekul Giling Sasupit,
- Sekul suci ulam sari,
- Tumpeng Robyong,
- Pisang raja,
- Jajan Pasar,
- Gethik
- Sekar Konyoh
- Sambel Gepeng
- Pakaryan
Warga Kalurahan Dengok saperangan ageng warganipun among tani, anggenipun sami tetanen ugi kanthi tatacara kuno. Sae sarana piranti utawi tatacara tandur, panen kaliyan sanes-sanensipun. Sesarengan olah tani, kadang tani ing Kalurahan Dengok ugi gadhah pakaryan samben minangka miyara mina utawi bakul, lan ngingah kewan kanthi ingah-ingahan lembu miwah mendha, pitik lan sanes-sanesipun. Sedaya wau kabudidaya kangge kabetahan amrih gesang sedayanipun.
Foto 19. Suwasana ing tegalan
Foto 20. Among tani nalika babad pantun ing siti pategalan
Pakaryan samben ingkang lestantun ing Kalurahan Dengok antawisipun ugi wonten kerajinan saking deling utawi pring ingkang awujud anyam-anyaman kepang, tomblok, ikrak, iyan, tepas gedhek. Saperangan malih, warga masarakat ugi makarya minangka tukang kayu, tukang batu ingkang damel griya, piranti griya utawi meubel lan sanes-sanesipun.
Foto 21. Kegiatan pelatihan kerajinan pring
Foto 22. Wujudipun kerajinan pring.
Foto 23. Pakaryan tukang kayu Mebel Sumber Rejeki ing padukuhan Dengok I. (Foto Koleksi Supriyanto)
Foto 24. Salah setunggaling pakaryan warga Kalurahan Dengok, damel tempe kanthi cara tradisional, ngginaakan bungkus ron jati.
- 7. Kabudayan kaliyan Arsitektur
- Warisan Budaya
Warisan budaya ing Kalurahan Dengok wonten ingkang awujud tatacara ugi wonten ingkang awujud barang menapa dene papan panggenan. Antawisipun :
- Tosan Aji kadasta; keris, tombak, patrem, pedhang, kaliyan Akik utawi Batu mulia.
- Petilasan Damarjati lan Regolboyo
- Siti Sultan Ground
- Piranti lawas utawi alat-alat kuno
- Gamelan utawi gangsa
Foto 25 . Petilasan Damarjati Padukuhan Dengok IV ( Koleksi Foto Supriyanto
Foto 26 . Petilasan Eyang Regol Bayu Dengok VI ( Koleksi Foto Supriyanto
Foto 27 . Gangsa ing bale Kalurahan Dengok minongko bantuan saking dinas Kebudayaan Propinsi DIY warso 2015.
Foto 28. Tosan Aji Keris Kyai Bolajer lan pedang koleksi ibu Emi Mintarsih.
- Arsitektur
Mapinten-pinten wewangunan ingkang mujudaken ciri khas utawi warisan budaya bangsa mliginipun tiyang Jawa wonten ing Kalurahan Dengok, antawisipun :
- Tugu wates;
- Pesareyan arupi; cungkup, maesan;
- Griya adat arupi; joglo, limasan, litring, ampong;
- Wangunan Kantor Lurah Kalurahan;
Foto 29. Griyo joglo kawistara saking jawi
Foto 30. Griyo Joglo ingkang taksih dipun uri-uri ing kalurahan Dengok,
Griya Joglo kawistara saking sak lebetipun (koleksi Foto Supriyanto)
Foto 31. Griya Limasan ingkang tasih lestantun
Foto 32. Tugu Wates kalurahan, dipun bangun warsa 2016 rikala Pemerintahan Kepala Desa Suyanto,S.T.
Sedaya wewangunan ingkang sampun kaserat ing nginggil, tasih kathah ing wewengkon Kalurahan Dengok, gambar ing nginggil kala wau namung saperangan alit kemawon. Ing sadhengah papan asring dipun panggihaken wewangunan kasebat. Wonten ing karang pradesan wewengkon Padukuhan tasih kathah wujudipun wangunan griya limasan, griya kampung, kaliyan saperangan alit griya joglo kagunganipun para warga. Ugi ing saben panggenan, bale Padukuhanipun wujud Joglo senajan saking cor-coran semen. Tugu wates ugi mujudaken tilaranipun para pangarsaning desa jaman rumiyin.
BAB II
ADEGING KALURAHAN DENGOK
- Miterat Cerita Rakyat
Para warga lan pinisepuh pitados bilih Kalurahan Dengok sampun wonten wiwit jaman rumiyin. Saderengipun dados Kalurahan Dengok, sampun wonten wewengkon ingkang sampun dipun panggeni para warga, ingkang sampun gadhah pranatan tumrap gesang sesarengan. Wewengkon utawi tlatah menika sinebat padukuhan lami inggih menika, Munthuk,Wonorejo, Kalongan, Ngangkruk , Karangrejo lan Dengok ingkang dados cikal bakal dumadining Kalurahan Dengok. Namung samenika kathah cariyos ingkang warni-warni, lan sedaya gadhah lelandhesan saha pamanggih piyambak-piyambak.
- Miterat pak Harsono :
Kalurahan Dengok menika kadadosan saking manunggaling lima wewengkon lami inggih menika Munthuk,Wonorejo, Kalongan, Karangrejo miwah Dengok. Lima wewengkon menika anggadhahi tekat ingkang manunggal, amargi para warganipun saha perabot desa ingkang ngasta pangarsaning paprentahan menika kaleresan tasih wonten sambet kalih trah Mataram islam Keraton Ngayogyakarto Hadiningrat, Jamanipun Sri Sultan Hamengkubuwono Kaping II (kalih)
Saderengipun wonten karang pradesan ing wewengkon Dengok, kawontenanipun tasih arupi wana kathah wit-witan ingkang ageng lan dereng wonten ingkang ngambah. Wonten cariyos bilih desa menika sampun wonten ing jaman bibaripun paprentahan Majapahit, kaleres para pendherekipun Brawijaya IV lan V saking Kraton Majapahit ingkang mlajar dumugi wewengkon Gunungkidul mliginipun tlatah ingkang samenika kasebat Dengok.
- Miterat mbah Prapto Wiyono :
Miterat cerita BP Prapto Wiyana wewengkon Kalurahan Dengok mboten saged uwal saking para pepunden ingkang sampun nate gesang ing wewengkon Kalurahan Dengok. Para Pepunden menika wau antawisipun Kyai Regolboyo, Kyai Damarjati, Kyai Kalong lan Kyai Dengok.
- Kyai Regolboyo
Bilih petilasan Regolboyo meniko minonggko tilaran ki Regolboyo ing jaman Prabu Brawijaya ingkang tugasipun njagi kukuban meniko minongko prajurit. Petilasan meniko manggen ing Padukuhan Dengok VI.–
- Kyai Damarjati
Ki Damarj
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
Hari ini | |
Kemarin | |
Pengunjung |