Sekar Rinonce Karya Lurah Dengok

marsono_marsono 20 Mei 2021 17:37:54 WIB

Sekar Rinonce

 

Bismillah,sedoyo puji konjuk ngarsanipun Allah Gusti ingkang hakaryo tuwin ngrekso jagad. Salam taklim kamulyan mugi kaluberaken dating poro nabi soho titah pinilih sumrambah dateng kito sedoyo.

Buku sejarah kalurahan Dengok meniko pinongko hasil saking kempalan carios soho wedaran ingkang kahimpun saking pinten-pinten sumber. Sasampunipun katiti lumantar mapinten lampah ugi kasandingaen kalian literatur sejarah Hadeging Nagari Ngayogyokarto Hadiningrat soho sejarah dumadining Kadipaten Gunungkidul kagem nyelarasaken runtut tuwin gumathoking jaman lajeng saget katarik benang abrit pinongko talining utomo ingkang kasimpulaken sahinggo saget kahaturaken seratan meniko.

Sanajan naming sekedik kanthi wontenipun buku meniko mugi saget dados sesuluh alit ingkang nyunari poro pamaos sahinggo saget mangertosi saperangan carios ugi kawontenan kawuri dumugi sak menikanipun Kalurahan Dengok.

Kito nglenggono temtunipun tasih kathah bab ingkang saget dipun tambahaken murih buku meniko saget ngrangkum sedoyo carios soho mulo buko cikal bakal ingkang wonten ing masyarakat sahinggo saget jangkep anggen kita ngaturaken. Gegadhangan kulo mugi kanthi keterangan meniko senajan alit urubipun saget ndadosaken sekedik pepajar kagem sedoyo pamaos awit keterangan meniko kaimpun ugi saking sumber ingkang wonten ing laladan kito.

Pungkasanipun, kito nyuwun pangapunten mbok bilih tasih katah bab ingkang kaserat ing mriki kirang trep, jangkep soho trewoco mugi poro maos paring pangaksomo. Panyaruwe soho wewarah tansah kito antu-antu murih saget ndadosaken jangkepipun buku meniko. Atur panuwun katur dating sedoyo ingkang sampun paring pambiyantu ugi ngimpun katrangan soho wedaran sahinggo ndadosaken buku meniko.

 

Dengok, Mei 2021

Suyanto

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung